12/05/2012

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas VII

SOAL UAS BAHASA JAWA KELAS VII

1.    Ukara ing ngisor iki nganggo tembung lingga, kajaba ….
    a.    Bapak arep tindak Semarang.
    b.    Aku lagi  maca buku basa jawa.
    c.    Santi weruh ula gedhe banget.
    d.    Adhik lagi turu ana ing dhipan.
2.    Basa kang tembung-tembunge migunakake tembung ngoko kabeh lan yen ana ater-ater uga ngoko, iku titikane basa ….
    a.    Ngoko lugu            c.    krama lugu
    b.    Ngoko alus            d.    krama alus
3.    Bapak Lurah lagi lungguh ana ing kantore. Basa ngoko aluse yaiku ,,,,
    a.    Bapak Lurah taksih lenggah wonten ing kantoripun
    b.    Bapak Lurah lagi lenggah ana ing kantore.
    c.    Bapak Lurah taksih njongkot ana ing kantore.
    d.    Bapak Lurah lagi lungguh wonten ing kantore.
4.    Bapak … jarene embah arep … mengko sore. Ganepana ukara kasebut!
    a.    Kandha, teka                c.    ngendika, rawuh
    b.    Matur, dhateng                d.    criyos, dugi
5.    Pengalaman pribadi sing ora nyenengake yaiku ….
    a.    Munggah kasur                c.    simbah tilar donya
    b.    Munggah kelas                d.    oleh hadiah
6.    Kang lumrah migunakake basa krama lugu yaiku ....
    a.    siswa marang gurune            c.  marang kanca raket
    b.    wong sing lagi bae tetepungan        d.  bocah karo bocah
7.    Sandhangan wulu menehi tandha swara ….
    a.    a                    c.   i
    b.    u                    d.  o
8.    Tembung kang katulis jawa nganggo sandhangan taling yaiku ….
    a.    lemari                c.   karep
    b.    sare                d.   menyang
9.    Kepareng matur Pak, kula badhe nyuwun idin ... wingking.
    a.    dhateng                c. arep
    b.    lunga                d. menyang
10.    Sadurunge lan sawise nindakake prelu kudu matur, ora lali ngaturake ... marang sing maringi idin.
    a.    nuwun sewu            c. panuwun
    b.    amit                d. Kesuwun
11.    Kasusastran kang basane cekak, mentes lan endah diarani….
    a.    Geguritan
    b.    Panyandra
    c.    Tembang
    d.    Parikan
12.    Ing ngisor iki piwulang budi pekerti kang kudu katindakake nalika nembe diutus pak guru, kajaba ....
    a.    Sawise diutus, prayogane caos palapuran marang wong sing ngutus
    b.    Menawa oleh jejibahan, tindakna kanthi kebak rasa tanggung jawab
    c.    Matur migunakake basa ngoko, swara alon
    d.    Solah bawa lan tata krama sing becik
13.    Kang ora prayoga diaturake nalika nampa tilpun lan durung ngerti sapa sing nilpun....
    a.    sapa kowe                    c.  Ibu sinten
    b.    Bapak sinten                d.  Panjenengan sinten
14.    Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane paribasan, yaiku ….
    a.    Adigang, adigung, adiguna
    b.    Becik ketitik ala ketara
    c.    Mburu kidang lumayu
    d.    Ana catur mungkur
15.    Poster lumrahe dipasang ing ….
    a.    Tengah dalan
    b.    Jero kelas
    c.    Panggonan umum/rame
    d.    Papan kang sepi


Sumber: http://ptkguru.com/