11/21/2012

Soal Ujian Semeter I Bahasa Jawa Kelas 9


Soal UUS I Bahasa Jawa Kelas 9
SOAL ULANGAN AKHIR SEMSTER I
MATA PELAJARAN BAHASA JAWA
KELAS IX
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d!
1.    Sampun kaaturaken ing serat sedhahan wigatosing pahargyan ing siang punika. Tembung sedhahan ing ukara mengku teges....
a.    ulangan
b.    ulem
c.    kitir
d.    pengumuman
2.    Res, sampun kalampahan rikala dinten Respati Manis 21 April 2008. Dinten Respati Manis sami kaliyan dinten....
a.    Selasa Kliwon
b.    Rebo Legi
c.    Kemis Legi
d.    Jum’at Legi
3.    Adhiku lahir selapan dina kepungkur. Selapan dina padha karo .... dina.
a.    7
b.    30
c.    35
d.    40
4.    Ukara ing ngisor iki sing ora nggunakake tembung kawi yaiku....
a.    Yen kepingin urip mulya kudu gelem cegah dhahar lawan guling
b.    Prabu Dasamuka Nata ing Nagara Alengka seneng tumindak angkara.
c.    Dupi midhanget ingkang rayi gugur ing rananggana sakala Prabu Dasamuka kantaka jebabah ing bantala.
d.    Minangkani pamundhutipun para kadang kula badhe nyekar sinom nyamat.
5.    Bapakmu arep lunga menyang Pekalongan. Ibumu takon marang kowe. Wangsulanmu sing bener nganggo basa krama ....
a.    Bapak ape lunga teng Pekalongan.
b.    Bapak wau matur manawi badhe tindhak ing Pekalongan.
c.    Bapak mau dhawuh, manawi badhe kesah neng Pekalongan.
d.    Bapak wau ngendika manawi badhe tindak dhateng Pekalongan.
6.    Putrane Pak Marta sing nomer pitu jenenge Saptana. Tembung pitu basa kawine....
a.    nawa
b.    hastha
c.    panca
d.    sapta
7.    Manut wacan sedhekah bumi sing ora kalebu tujuane dianakake sedhekah bumi yaiku....
a.    nedhahaken kemakmurane desa Sangkanjaya
b.    raos syukur dhateng Gusti Allah
c.    nggadhahi panyuwun supados Gusti tansah paring kanugrahan dhateng warga dhusun
d.    ngleluri dhawuhipun para sepuh lan buaya jawi
8.    Tuladhane pala kesimpar yaiku...
a.    manggis, kates
b.    pisang, nagka, duren
c.    gembili, uwi, ganyong
d.    waluh, pare, labu
9.    Parikan iki terusna.
Pitik walik tanpa lancur....
a.    pangkat cilik arang nganggur      
b.    dingerteni mring wong tuwa
c.    pitike di pangan kuwuk
d.    dadi murid aja nakal
10. Tuladhane parikan padinan ....
a.    nyebar godhong kara, sing sabar sauntara
b.    godhong jati godhong nangka, dimangerti mring wong tuwa
c.    kelapa sawit wite dhuwur wohe alit, isih murid aja seneng keceh dhuwit
d.    kodhoke kalungan kupat, surabaya kaline mati.  Boyoke sing ora kuwat, larane setengah mati.